Sabtu, 05 April 2014

Makanan khas Tegal itu makanan ku

Kye Loh Panganane Wong Tegal

kerupul unyil




wes ra asing maning, panganan kye emang wes gadi panganan khas aku nang umah, ra lagi ndeleng Tv, lagi nongkrong, lagi ngrongokna musik, mesti panganan kye ana, kurang mangseg angger ra nemil krupuk unyil kye J

Sega Lengko


kye panganan khas tegal sing ra tau aku lewati, apa maning pas jamane sekola,
ora mangan kye ya rasane ra lengkap, kye sing arane Lengko bray J


Pilus Kletuk



pasti wes pada ngerti kye arane apa kan, tpi aja salah, pilus khas tegal rasane beda karo sing liane, kye sing arane Pilus KLETUK rasane ya kletak kletuk hehe
mangan apa ari ra karo kye ya rasane kurang, coba bae wes pasti kurangen
 J


Teh Poci


kye loh sing sampe aja ktinggalan go mbatiri panganan sing nang nduwur kabeh,
tanpa kye rasane hambar, rasane nang ilat bakal krasa trus 
J


Tahu Aci



Pasti panganan kye wes akeh sing ngrti, kye sadulur sing arane tahu aci, sing ora kalah karo tahu sumedang, enak kye malah, wareg kye maning
 J

Olos Pedes


Nah kye mesti esih jarang sing ngrti, kye loh sing arane OLOS, termasuk panganan anyar khas nang Tegal, rasane wiiihhh pokoke nyos pedese, sing doyan pedes pasti ketagihan wes, mung ana nang Tegal kye J